Pages

Rabu, 01 Januari 2014

TIKUS DHASI


Ing kono wong-wong panganggo dhasi
Lumebur dadi siji tata tinata konspirasi
Wiwit  ngisor eri nganti pucuking tuma
Linuwih kawruh ning padha sok wuta

Ing kono pawongan panganggo jas lan dhasi
Klimis rambut lan sepatu
Mencorong mripate wuruh donya
Sing dikeruk saka ngisoring meja
Saka kringeting kawula wadya bala

Ing kono pawongan arupa tikus
Ngrokoti roti tanpa weruh
Yen anak-anake pathing jleret kurangen tiwul.

Semarang, 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar