Pages

Senin, 30 April 2012

“Remeng-Remenge Atiku” (Cerkak)


Dening : Aini Machmudah

            Nalika kuwi srengenge lagi mendiring ing pusering jagad, nglumpuhake saindhenging susuh angin kang pating semampir ing sakdhuwuring pang-pang cilik. Panase tansah panjer ing ndhuwur bun-bunan, kaya mbeset-beseti kulit daging sing meh garing nglinting. Kaya menggkono kahanan lakuku, jenengku Druna utawa Kumbayana, sing dhuweni teges wadah banyu, aran kuwi dipilih kanggo ngelengake sejarah lan prastawa kelairanku. Ramandaku Prabu Buratwaja, ratu ana ing Hargajambangan. Minangka anak sulung aku tansah digadang kanggo ngenteni panjenengane dadi ratu. Hargajambangan kuwi sejatine negara cilik, ananging sakbubare keris pulanggeni ana ing kana, Hargajambangan tansah misuwur lan dadi negara kang diwedeni ana jagat percaturan antasangin.
            Nalika panjenengane wis yuswa, Hargajambangan dipasarahake marang aku, aku tansah bombong amerga ora suwe meneh aku bakal dadi ratu kang disegani dening sakantero antasangin, ananging durung tutuk rasa bombong ing atiku, Ramanda Prabu ngendika yen keris pulangeni wis wayahe dibalekke marang sing dhuwe begawan Abiyasa ing Jawa. Krungu kuwi atiku tansah cuwa dening keputusane ramanda Prabu, ing pikiranku mlaku pitakonan-pitakonan gedhe, kepiye dadine Hargajambangan tanpa pulanggeni? Apa negara-negara antasangin isih bakalan tunduk karo Hargajambangan?
            Atiku saya suwe saya ora karuan, wis bolak-balik aku nyoba nyuwun dening Ramanda Prabu kanggo batalke kekarepan kuwi, anaging ana ing salah sawijining dina, keris pulanggeni kuwi kelakon digawa menyang Jawa dening Sucitra, kanca seperguruan sing wis tak anggep kaya adhiku dhewe. Ora maksut  mlayu saka tanggungjawab, aku mutusake menyang Jawa kanggo nemoni lan merguru marang Begawan Abiyasa kanti pangarep-arep bisa pinaringan senjata sekelas pulanngeni kanggo mimpin Hargajambang..
            Saya suwe lan saya aduh anggonku mlaku saka negera Hargajambangan, ora krasa pipiku teles dening eluh kang mili. Abot tenan rasane lunga adoh saka ibu lan ramanda Prabu, sing kawet cilik ngebaki awakku kanti rasa tresna.  Lakuku mandheg ana ing pinggir samudra, kahanan hening lan sepi, amung deburan ombak kang tansah kumandang ing sak jroneng kuping. Oh sang hyang sing agawe jagat, kepiye carane awakku bisa nyebrangi samudra sakamba iki? Ing atiku netepke janji yen sapa wae kang bisa biyantu aku nyebrang samudra kuwi yen wedok bakalan takdadekke bojo, lan nek lanag bakalan dak dadekake kadang. Ora suwe saka olehku ngukir janji ing ati, saka dhuwur langit, katon jaran miber kang nyedaki lan menehi isarat, supaya aku menek ana ing gegere. Apa kewan iki dikirim para dewa kango nulung aku? Nyebranggke awakku menyang tanah Jawa? Tanpa mikir suwe, aku nglakoni babakan kang diisaratake. Swiwine dikebaske, saya dhuwur lan saya dhuwur. Tanpa diperintah kewan ayu kuwi wis weruh tujuanku menyang tanah Jawa.
            Ora suwe sakbubare kuwi, aku tekan tanah Jawa, tansah senenge atiku. Nalika kuwi jaran kang duweni jasa gedhe marang aku kuwi ngematke aku nganggo pandangan pangarep-arep supaya aku melu dheweke, nganti dumugi salah sawijining taman kembang kang endhah, kebak hawa seger kang kumandan sayup-sayup suara kidung rerepan san saya merdu ditambah suara-suara peksi kang pating sumaut kaya lagi padha gegojekan. Dina mawa dina ora dakngerteni itunge aku ana ing taman kuwi. Ing sawijining dina, widodari ayu nemoni aku, widodari kang paring asma Wilutama, kita memadu katresnan bareng ngukir rasa lan raga bebarengan, katresnan antararane pria lan wanita. Saka sarot mripate kang mancarke binar kesucen, aku digawe kaget amerga binar mripat kuwi tansah mirip binar matane jaran kang pirang-pirang dina ngancani aku, ananging panemu kuwi ora bisa kewedar saka ati.
            Wulan  mawa wulan terus wae pungkas, ora dinyana jaran wadon kuwi meteng lan nglaerake jabang bayi manungsa lanang kang wajahe tansah mirip karo wajahku. Jabang bayi lanang kuwi paring nama Aswatama, aswa sing tegese jaran lan tama sing tegese utama. Wis bisa katebak yen widodari wilotama kang madu katresnan bebarengan karo aku, sejatine uga jaran kang wis nulung aku, tansah senenge atiku. Ananging durung tutuk rasa senengku, Wilotama kang tansah daktresnani pamit bali menyang kayangan. Ajur mumur rasane ati, ora kebayang rasane uripku tanpa dheweke kang daktresnani,
“Oh ngger anakku Aswatama, nangiso sing banter ngger, ben biyungmu batalke niate ninggalke aku lan awakmu!”