Pages

Selasa, 31 Desember 2013

Satriya Kembar (Naskah Drama Tradisional)


ADEGAN 1
Wetara ing abat kaping pitulas masehi, nalika kesultanan Mataram jumeneng nguwasani Nuswantara. Ing dhaerah Pathi ana sawijine Adipati aran Pragolo kang nduwe niyat tumuju pulo Upih sowan marang Sang Mahaguru. Sawise tekan gisik, Adipati mau ngrasa tidha-tidha. 
Rangga Gupita           : Kados wonten panggalih ingkang ribet njeng Adipati? Mugi kersa maringaken dhawuh dhumateng pun abdi njeng Adipati.
Adipati Pragola          : (Unjal napas landhung nyawang leraping ombak) Aku dhewe ora ngerti apa sabab musababe, wiwit budhal saka regol Kadipaten mau, atiku krasa ora kepenak. Asta tengenku tansah gumeter . Apa sira bisa ngaturake pawawas Gupita lan Jeladra?
Rangga Gupita           : Mbokbilih menika namung pangraos njeng Adipati kemawon, kula boten saged caos pawawas, duka yen adhi Jeladra punika.
Rangga Jeladra           : Nuwun sewu Kanjeng, punika yen kula... yen kraos kados mekaten punika, badhe panggih lan nemahi kawontenan ingkang kirang sekeca tumrap dhiri njeng Adipati. Nanging punika yen kanggenipun kula lho... mboten lajeng kok kula ngrumiyini kersa, nun.
Rangga Gupita           : Kok sliramu bisa atur pamawas kaya ngono kuwi, kanthi lelandhesan apa adhi Jeladra?
Rangga Jeladra           : Kabeh mau saka pengalamanku dhewe, Kakang. Bola bali yen aku nemahi babagan ora nyenengake, atiku goreh lan tanganku gemeter kaya ngono kuwi. Nanging sepisan maneh iku mau yen dumadi kanggoku, mbuh yen liyane.
Adipati Pragolo          : Dakrasa ature si Jeladra kuwi beneraiku goreh. Umpama diterusake sowan ing pulo Upih kok yo kurang prayoga. Mula prentahana marang juru mudhi, supaya baitha bali menyang Pathi.
Rangga Jeladra           : Sendhika dhawuh njeng Adipati.
  ADEGAN II
Ing Tamansari Kadipaten Pathi Pesantenan, Rara suli Selir kinasih Adipathi Pragolo nembe sapanjagong klawan Surtikani  rewang uga kancane kang wis banget dipercayani.
Rara Suli                     : (Lungguh deleg-deleg ing bangku kaya ana kang dipikirake)
Surthikanti                  : (mlaku marani Rara Suli, banjur lenggah (setimpoh) ing sisihe) Nuwun sewu kados wonten panggalih ingkang mboten sekeca Ndara Ayu ?
Rara Suli                     : (Unjal ambekan banjur meneng sedela) Iya Kanthi, panggalihku rada goreh wiwit tetepangan wektu kepungkur klawann  jurutaman kang enggal.
Surtikanti                    : Wonten perkawis menapa kaliayan jurutaman Ndara Ayu?
Rara Suli                     : Aku dhewe ya ora ngerti Kanthi, ananging jurutaman kuwi, praupan kuwi, sok-sok ngelengake aku klawan wewayangane kakang Baron Sekeber, Bapake cah kembar Sirwenda lan Danurwenda. Awamu rak yo ngerti ta kanthi, iki wis ngancik warsa kaping enem kakang Barong ora dimangerteni titik tilase, banjur saiki aku kelingan maneh kemangka aku wis dipungarwa dening Kakang Adipati Pragola.  Panggaleh apa maneh iki ta Surtikanti?
Surthikanthi                : Nuwun sewu ndara ayu, sejatosipun mboten namung panjenengan ingkang ngraos kados mekaten, kula inggih gadah pawawas menawi jurutaman ingkang enggal menika Ndhara Baron Sakeber. Menawi ningali saking dedege kang pidegsa, prapuapan, ugi eseme ingkang sumringah.
Rara suli                      : Dadi ora mung aku sing dhuwe panemu kaya mengkono Kanti, Gusti margi menapa malih menika? (meneng sedhela) yen kaya ngono kanthi, awakmu dakprentah kanggo golek warta babagan jurutaman kuwi, enggal cetha sapa sejatine pawongan kuwi.
Surthikanti                  : Inggih Ndhara ayu, sendhika dhawuh. Kawula nyuwun pamit rumiyen.
ADEGAN III
Ora let suwe Surthikanti oncat saka Tamansari, banjur ana paraga kang klesak-klesik kaya aweh sasmita marang Rara Suli.
Baron Sekeber            : (Teka banjur nyikep Rara Suli saka buri)
Rara Suli                     : (Kaged lan arep njerit)
Baron Sakeber            : Dhiajeng, iki aku kakang Barong, bapake Sirwenda lan Danurwenda. (isih karo nyikep, wanita ayu Rara Suli)
Rara Suli                     : Leres panjenengan kakang Barong. (premik-prembik arep nangis)
Barong sakeber           : (Mung meneng tanpa swara nganti rada suwe, lan saya raket olehe ngekep) Aku ninggalake sliramu nganti suwe biyen, ora kok amerga aku ora tresna sliramu Dhiajeng. Nanging merga aku pancen duwe janji karo Pragolo bakal tandhing maneh, wetara telung warsa ing papan sakawit. Nanging marga aku kudu ngleremake ontran-ontran ing negaraku, aku dadi kepancal wektu. Tetandhingan kepindho rong candra kepungkur, aku kalah maneh. Nanging bareng daksumurupi, iku mau saka pokal licike Pragolo. Nalika tetandhingan nyilem ing samudra, dheweke mlebu njeron palung guwa. Mula bisa ngampet ambegan luwih saka rong dina... aku kalah diakali. Kere waja darbekku dadi duweke Pragola, semono uga aku dipatah dadi juru taman. Nanging kabeh mau dadi jalaran aku ketemu sliramu, klan putraku kembar.
Rara Suli                     : Inggih kakang, kula piyambak boten pitados, yen bakal kepanggih kaliyan panjenengan malih,  Kakang, atiku wis pepes pasrah , dakkira sliramu wis lali desa Kemiri lan nglalekake Rara Suli, merga kepilut kenya liyane, ora ngertiya...(eluh dleweran lan saya nglendhot ing dhadhane jurutaman Pesantenan)
ADEGAN IV
Ora nyana yen adipati Pragola sing dikira suwe lumawat ing pulo Upih, saiki meger ngejejer ing sacedhake.
Adipati Pragolo           : Drohun, keparat kowe Sekeber... kowe wis nerak janjimu, setyamu pranyata lamis, wis ani ngilani dhadha nggonjak ngidak bathuk. Keparat ngerti yen tindakmu lethek kaya kuwi, wis dakpateni nalika kalah tetandhingan kepungkur.... heh menungsa dajal laknat, menus kaya rupamu kuwi kusu disampurnakake, mundhak njejemeri... heh drohun. (kebak Kanepson)
Baron Sakeber            : Pragolo.... sumurupa yen garwamu iki, biyene dadi garwaku. Lan bocah kembar sekti kae anakku dhewe. Pragola nyatane kowe licik. Aku kalah merga pokalmu. Kowe ora jujur, kowe culika nalika perang tandhing nyilem..... rak ya ta?
Adipati Pragolo          : (saya muntaB amerga kenyonyok atine, banjur ngunus curiga, lan kejohake ing dhadhane jurutaman)
Baron Sekeber            : (siyaga lan mencolot ngindar)
Banjur lelorone padha perang tandhing, Rangga Gupita, Rangga Jeladra lan si kembar Sirwenda lan Danurwenda sing keprungu melu metu ananging mung padha mlongo.
Adipati Pragola           : Keparat kowe Sekeber, tampanana patimu.
Baron Sekeber            : (keteteran ngimbangi krondene adipati Pragola, merga mundur ngendhani kesandhung meja, lan tiba kejlungup)
 Adipati Pragola         : (nuncepake curiga jebol dhadhane Baron Sekeber tumeka ing pati)
Rara Suli                     : (njerit lan mlayu nututi anggene Baron Sekeber)
Adipati Pragola          : (saya bramantya lan mapag playune Rara Suli disuduk karo kerise)
Rara suli                      : (Jerit lan ngrungkepi jasime Baron sekeber, lelorone mati bebarangan)


ADEGAN V
Si Kembar kamitenggengen meruhi kedadeyan kaya mengkono. 
Adipati Pragola          : Bocah kembar kuwi bakal dadi klilip ing tembe mburi. Rangga Gupita, Rangga Jeladra.
Rangga Gupita Rangga Jeladra: Sendhika dhawuh Njeng Adipati.
Adipati Pragola          : Bocah kembar kuwi kudu diilangi pisan, kudu dipungkasi.
RG & RJ                     : katindakaken Njeng adipati. ( Banjur nyekel lan arep njojohake kerise menyang si kembar ananging kerise oncat lan ngunus RG lan RJ dhewe)
Adipati Pragola          : Kurang ajar bocah tengik ((ngunus patrem nanging uga kena awake dhewe nagnti tumeka ing pati)

Selasa, 19 November 2013

Aku


Aku adalah tubuh rusak rupa bongkahan terpasang
Sampah tak guna di sudut bibir jalan
Usang dan berdebu kelam.

Aku adalah tubuh rusak itu

Lantas, siap dilempar dan ditendang ke neraka jahanam.


Gunungpati, 20 Agustus 2013
(Catatan saat malam dalam ketakutan)

Senin, 18 November 2013

Sebuah Dongeng


Aku terseok mengangkat kerendaku sendiri
Menuju sepetak bumi untuk kuburan cinta ini
Di sisih got berlampu merkuri
Di sebrang rumah beraroma bangkai keladi.

“Aku haus air susumu, Ibu” raungku setengah mati
Dan tepat saat jantungku dicabuti
Aku benar keluar dari bingkai dongeng terkutuk ini.

Aini Machmudah (Gunungpati-24/09)