Pages

Rabu, 01 Januari 2014

GEGURITAN UNTUK ANAK SMP


LUMUNTURING BUDAYA

Tumetesing waspa dumlewer ing pangarasanku
Nglentrihing pandulu ginambar ing netraku
Ancluming praupan kawistara ing pasuryanku
Legeg trenyuh ginawa ing panggalihku
Amersani jaman saiki
Tumpraping polah tingkahing putra lan putri
Kang wis ninggalake subasita
Nerak angger-anggering budaya
Lali ing tatakrama mbuwang sekabehing unggah-ungguh basa

Kabeh rumangsa nistha
Yen isih ngugemi pranatan budaya bangsa
Sanadyan jaman wis maju
Aja banjur dadi kleru
Crita leluhur ginubah sawiyah-wiyah
Busana owah samesthine
Tetunggangan, wisma, laladan rinepta beda saka asline
Apa kita wis ora ngregani budaya kita dewe?
Apa budaya kita wis ora ana ajine?
Apa budaya kita wis kedaluwarsa?
Apa budaya kita wis luntur?
Pemuda pemudi jaman saiki
Unggah ungguh basa wis dilirwakake
Tata krama wis ditinggalna
Tata wicara wis ninggalake subasita
Apa sing salah sekolah?
Apa sing salah ibu bapak?
Apa kabeh salah?
Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake
Wis arep luntur amerga pokale kita dhewe.

Ki Andanawarih
Kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat No. 46 – 15 November 2008

KAWULA NASIBMU

Apa durung cukup Gusti paring bebendu
;segara disuntak mbludag
Lemah amblas bengkah
Banjir bandhang banjir lendhut
Banjir maut
          Nelangsa papa citraka wis ora krasa apa-apa
Amarga wis kulina
Ngayut tuwuh dadi pilihan ampuh
Tinimbang didawa-dawa tan oleh pedah lan guna
Oh... nasibmu kawula.....
Sikil kelangan pidakan
Awak kelangan wewayangan
Dina sesuk kelangan tanggal
Dicolong dirampok kecu lan brandal
Brandal ora ngerti bebendu
Kecu ora ngerti kleru
Brandal tata jaman lumrah
Nguntal bumi ngaluamah
Kecu badan alus nggetih biru
Ngganyang uripe kawula-kolu
Oh.... kawula nasibmu...

Eko Wahyu Adi
Kapacak saking Panjebar Semangat- 52/2007

GANDRUNG

Rambut acak-acakan
kaos kumel awut-awutan
ora kenal tembang
jare : luwis seneng disco-disconan
supaya ora diarani kampungan
ngisin-isini
Nanging gandrung ya gandrug
Aja kedlarung, dadi kedlurung
Apa wis ngerti
Tegese racun
Senajan ora mateni
Nanging bisa gawe getun
Jare: jaman moderen
Nanging kok kereb senewen
Ngambah alam globalisasi
Kudu tansah ngati-ati
Senajan ndhelika
Ditututi.

Alie Emje
Panjebar Semangat- 52/ 2007

NEGERI PARA BAKUL

Negeri para bakul
Dol tinuku datan mligi barang dagangan
Narapidana barter ing pakunjaran
Barter kasus wis dudu wewadi
Yen refan wis sarujuk disepakati

Negeri para bakul
Para politisi uga duwe pasar mligi
Dol tinuku polecy kebijakan
Maja kursi papan kaculikan
Api-api regejekan jebul laku sandhiwara

Negeri para bakul
Konglomerat lan birokrat gamban olah siasat
Dol tinuku kajulingan ngliyer aturan
Layak pajekg dadi bancakan

Negeri para bakul
Dol tinuku jabatan anjrah ing ngendi-endi papan
Bandrol reregan wis cetha nadyan datan kabiwarakake
Yayah kangsen ing papan palanyahan

Negeri para bakul
Kebak tembung lelamisan
Kebohongan kemunafikan kadidenen sega jangan
Nora kawaca bongkot – puncuk
Kabeg-kabeh mubeng seser pindha lingkaran setan.

Nono Warnono
Panjebar Semangat No 11- 12 Maret 2011


KIDUNG SAKA WUKIR DANARAJA

Mirengna ujaring kandha
Jamane sekar sinengkar ing pringitan
Dhusun kencana ijo royo elok nyata
Rinengga taneman meneka warna
Tanjung kenanga mawar regula
Gandasuli mlati lan soka
Tlatah reja mekar ngrembaka
Kaserat abyor kuncara
Kang ngayomi wong agung linangkung
Wanodya kebak pangalembana
Kanjeng ibu kang asmanya arum ing rat
Ibu Agung sakaring pamuji

Wis dadi Kersaning Gusti
Sang endah jumeneng dadi oboring jaman
Kang nyimak sasmitaning ngaurip
Antuk berkah trus jumeneng ing uripe
Wruh ing rasa kang satuhu
Sang lukita maraga sekar bawana
Kikisa ong tutur ala
Lestari ing sejarahe
Agung arum ati suci
Danaraja wis dikunci
Anane mung enget negeri
Ing tlatah lor pasir dadi mlati
Jepara, april 2005
Diah Hadaning
Panjebar Semangat – 26 – 25 Juni 2005

SADAWANE DALAN PUTIH

Dalan putih sing mendhak medhukul
Dawane tanpa wates, tanpa wates
Apa  sliramu ngerti, sakiwa tengene akeh dajjal
Tawa woh-wohan seger lan manis?

Iki jagad tontonan
Papan kiprahe para paraga
Menganggo sandhangan kebak gebyar
Pasuryan didandani maneka rupa
Kabeh sarwa cakrak diputih sarwa ngresepi
(kari milih sapa jumangkah premati
Endi sing rewa-rewa endi sing sejati)

Sadawane dalan putih
Kita kabeh mung kari milih
Lan bisa ngrasakake legine bratawali
Kalamun wis manggon ing wetenge bumi.

Ambal Kebumen, Maret 2002
Turyo Ragilputro
Panjebar Semangat 31- 3 Agustus 2002

Tidak ada komentar:

Posting Komentar