Pages

Rabu, 03 April 2013

Cerita Cekak



BENGI IKI ATIKU KANGGO KOWE
(Dudu Love at Firsh Sign)

Cerkak

            Srengenge ing langit kulon lumaku terus, saya nyedaki cakrawala. Blarak-blarak ing pucuk glugu padha kumlebat ketiup dening angin sore kang sumilir, kelap-kelap mantulake  sunaring srengenge semburat kuning, sedhela maneh wengi bakal teka, gumanteake rina kang kebak dening pangare-arep becik.
            Wengi wiwit tumeka, semilir atise angin ngrasuk nganti kulit sing jero, hawa anyep ora ngalangi dalanku kanggo nlusuri kutha sing kebak dening montor sing padha lalu lalang. Hawa kuwi babar pisan ra takrasakake. Kanti tumpakan sepedha montor Supra 125, lakuku bengi kuwi kawiwitan. Mahasiswa Sastra Jawa napaki dalan Semarang kawiwitan  saka Sekaran, Banaran, dumugi jalan Veteran.  Kaya adat biasane saben malem Jumat Kliwon aku sakanca menyang taman Budaya Raden Saleh (TBRS) Semarang, pancen wis dadi padatan yen malem kuwi mesthi nonton pagelaran ringgit purwa, wayang kulit kang rutin dilaksanakake saben wulan pisan.
            Bengi iki pancen ana sing bedha karo padatan, yen biasane aku sakanca mangkat bareng saka kampus,  iki padha mangkat dhewe-dhewe ora ana enten-entenan kaya wingi. Aku mangkat mrana wetara jam setengah sanga. Kemangka wektu kuwi aku mung wong loronan karo kancaku sofi sing dakgoncekake.
Dalan Gunungpati daktapaki, ngrumenjeleng dalan amerga pancen dalan pegunungan sing jeglong-jengong ora dadi alangan, lambe kang cumriwis antarane aku lan sofi mbaturi awak sinambi gegojegan ing duwur montor. Wetara rong puluh menitan aku teka ing papan kang daktuju. Kahanan ing kono isih rada sepi, awit pancen ringgit purwane kawiwitan jam sanga wengi. Bapak-bapak satpam sing ana ing kono uga isa nengeri, yen ana mahasiswa kang nonton mesthi saka Unnes. “Mbak saking unnes? Lha kok ora bareng kanca-kancane?” pitakone salah sawijining satpam sing nyedaki montorku. “Inggih Pak, kala wau kanca-kanca sampun sami bidhal rumuyin, kula radi telat.” Jawabanku kanthi basa kang coba daktata. “Lha kok taksih sepen inggih Pak?” takonku nglanjutake tembung. “Inggih kok Mbak, dereng sami dugi” wangsulane bapake kanthi grapyak. Babagan kuwi sing gawe atiku bombong dadi wong Jawa, yen bener ta wong Jawa kuwi mesthi padha grapyak lan sumringah ing praupan tur lathine uga ketata kanthi rapi.
            Sinambi gegojegan, aku lan Sofi mlebu ing gedung pegelaran, Nyawang kursi lan tikar sing pating momplong durung ana sing nglungguhi. Niyatan awal arep njupuk lungguh saburine layar, sing pancen wis dadi basecame-ku sakanca Sastra Jawa. Neng dlalah Febri lan Afini nyeluk lan ngawe aku saka ngarep lungguh jejer cedhak pawongan lanang loro sing salah sawijine ora asing maneh. Mula aku trus mara lan Jupuk lungguh ing sakburine kancaku kuwi, pas ing karpet kapisan burine pengrawit sing dadi pengiringe dalang kang bakal ngayahi lakon “Baladewa”.
            Siji baka siji paraga wayang ditokake ki dalang saka kotake, ditampilake ing layar putih kang gawe sengseme sapa wae kang padha mirsani kemasuk aku kang lagi ana ing proses pasinaon. Keprungu mawa gendhing pelog patet enem miwiti alur cerita Baladewa utawa Krakasana kang dhuweni dedeg pidegda gedhe dhuwur kang digadhang-gadhang jumeneng nata negara. Bonang, balungan, gong, kethuk, slenthem lan piranti gamelan liyane pathing klentengan nambah rasa suka tur bombong mersani lumakuning ringgit kang kebak nilai estetis lan pitutur becik kuwi. Ora mung pisan pindo swara tepuk tangan padha riuh keprungu saka para warga kang uga gandrung mrang pagelaran kuwi. 
            Ing kahanan kaya mengkono bledeg rasa tumiyup keprungu ing sakjroning ati, lumaku kaya dene awan putih sing kegawa derese angin wengi. Nalika ora njarak aku nyawang praupan priya kulit sawo mentah jumejer sangarepku kadya Krakarsana ya Baladewa kang pancen lagi dilakonake dening ki Dalang. Kaya ana rasa kang tumiba ing ati, pas kena, bagian iki emboh neng endi, tapi kepara gawe bungah ora ketulungan nalika kuwi. Rasa kang ora bisa digambarake nganggo tembung, ya mung krasa kaya ana kembang melati lan gandhane sumebar ngebaki ati, mripat, kuping, otak nganti pucuk kuku uga krasa gumeter.
            Dheweke endah nggawa guyu, luhur kanthi laku lan landhep ora kaya suku. Pinter, bagus lan dhuweni kharisma sang Krakarsana.
            Sejatine aku ora sanggung ngadepi level kaendahan kaya mengkene, iki dudu dharbekku, aku ngrasa ora pantes. Kanggo awakku dheweke mung pawongan kang bakal dadi duweke wong liya. Lan aku ora luwih mung pangisi simponi kang bakal dilalekake.
           
Aini Machmudah
Semarang, 4 Juni 2011

Da’ Lele, Dawet nan Ayu dan Sang Inovator



Angin bercampur debu panas kencang berhembus di antara gedung-gedung kampus ungu, Jum’at (22/3).
Oleh: Aini Machmudah
            Panas siang itu, membuat puluhan pasang kaki yang menapakkan diri di lapangan depan gedung B1 kampus ungu tak tenang jika hanya berdiri dan membiarkan ekor matanya memendang lurus ke depan menyaksikan 22 anak manusia dengan balutan identitas bangsa “batik” memainkan kaki dan tubuhnya dalam rangkain acara festival Jajan Pasar dan Batik.
            Sama halnya dengan saya yang mencoba meregangkan diri dengan langkah kecil, menelusup dari stand satu ke stand yang lain. Langkah kecil saya terhenti di depan salah satu sudut yang cukup ramai dikerumuni beberapa mahasiswa, bukan karena ingin mengetahui kerumunan apa itu, tapi karena bolam mata saya terhenti pada MMT yang terpajang. Sebuah MMT berukuran sedang yang bertuliskan “Dawet Ayu Da’ Lele Asli Banjarnegara”.
            Karena penasaran akhirnya saya pun ikut mendekat. Seorang wanita paruh baya dengan sorot mata dan senyum simpul mengembang menyambut saya. Dengan nada suara halus ia mulai menawarkan kuliner khas Indonesia yang tak asing lagi bagi saya, cendol atau yang lebih dikenal dawet ayu.
 “Apa yang spesial?” pikir saya dalam hati. Seolah tahu apa yang saya fikirkan, wanita yang akrab dipanggil Anggi itu menjelaskan bahwa dawet yang  ia jajakan bukan dawet biasa tapi dawet kreasi yang telah diinovasilkan dengan daging lele sehingga tak heran jika namanya dawet ayu Da’ Lele atau dawet ayu daging lele.
Panjang kali lebar wanita lulusan Institut Pertanian Bogor (IPB) yang mempunyai nama lengkap Fedwi Anggi Indrayani menjelaskan kepada saya yang terus bertanya, hingga akhirnya ia menyodorkan segelas dawet nan Ayu itu untuk saya cicipi. Awalnya saya merasa ragu karena pada dasarnya saya memang anti dengan jenis makanan ikan-ikanan apalagi lele.
“Dicoba saja, dijamin tidak amis kok,  nanti kalau tersasa amis saya kasih uang seratus ribu dech” clotehnya masih dengan senyum mengembang. Saya pun mencobanya dan benar meski dawet itu telah diakulturasikan dengan ikan lele tak sedikitpun rasa amis yang terasa di lidah. Menurutnya, ini karena pada saat proses villeting  daging lele, sebisa mungkin tidak boleh ada darah yang keluar.
“Lebih dari  50 kali saya mencoba, sampai akhirnya bisa benar-benar jadi Da’ Lele seperti yang sekarang” imbuhnya masih dengan tangan cukat trengginas meracik dawet pesanan pembeli. 50 kali bukan jumlah yang sedikit untuk gagal dan kemudian bangkit kembali apalagi jika diikuti oleh nyaringnya suara ejek dan cecaran kanan-kiri.
Da’ Lele, sebuah inovasi dengan tujuan mulia dari hal sederhana. Jenis kuliner berupa minuman tradisional yang coba dibudidayakan dengan semangat kecintaan terhadap produk lokal, kiranya hal itulah yang menjiwai terbentukknya Da’ Lele cendol nan ayu di tangan sang inovator berparas oriental tersebut. Dan lagi, sebuah pelajaran berharga bahwa pohon besar selalu berawal dari bibit kecil.