Pages

Kamis, 20 Desember 2012

PETANI ISIH DURUNG DADI SUBJEK


Desa, identik karo petani. Urip lan panguripane kadang tani wiwit jaman penjajahan  nganti saiki rasane kaya durung ana akeh owah-owahane. Tansah prasoja senajan katon kaya wis saya maju. Listrik mlebu desa, dalan-dalan wis padha diaspal, malah tenaga kebo lan sapi kanggo nggaru mluku wis akeh sing diganti nganggo traktor sing ombenane solar.
Ing jaman saiki owah-owahan sing modern tuladhane kaya sawah sing wis padha dadi pabrik, lemah pertanian sing malih fungsi dadi parumahan lan pabrik-pabrik sing njalari lemah tetanen dadi saya ciyut amerga alih fungsi. Uga sawah-sawah sing wujude tetep sawah sing ditanduri pari, nanging lemah pasawahan kuwi wis diowahi carane ngopeni, nganggo winih-winih tinamtu sing mbutuhake pupuk weton pabrik, njalari lemahe atos lan pari ora bisa urip kanthi apik malah kepara mati yen ora dipupuk.


Sawah dadi ora bedha karo pabrik sing ngasilake pari. Petani banget butuhake pupuk kanggo tanduran parine. Mula yen pupuk ngilang, kahanan petani padha wae kaya pusa. Yen wis pusa banjur padha arep mangan apa? kuwi ateges wetenge luwe. Mula lumrah yen petani nekad, meksa para pedagang lan agen ngedol pupuk dodolane mrang petani, nganti klakon nganakake sweeping.
Petani sing saya pinter, kendel, wani lan nekad iki ora mung merga petani wis wiwit  terdidik, nanging kapeksa dening kahanan. Pupuk sing mesthine cukup bisa komplong amerga mekanisme penyaluran sing ora bener lan faktor X sing durung kinawruhan, mula pupuk (bersubsidi) ilang. Yen ana, mesthi regane dhuwur banget. Banjur petani maneh sing ngrekasa.
Kita sadhar yen politik iku rusoh, lan gula iku legi. Pancen, dhuwit kuwi kabutuan sing pokok, nanging sanajan politik iku ngrusohi mbok ya para  pangarep aja banjur ngurbanake petani cilik kanggo tujuan politik kuwi ateges pager nerak tandur, ora perduli petani kepalu kepenthung. Yen mengkono, banjur kapan petani klakon dadi subjek sing melu nemtokake.

Semarang, 03 Desember 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar