Pages

Kamis, 20 Desember 2012

Katur Ibu

Aini Machmudah
Liker swaramu ngebaki njroning atiku
Putih semu nggawa esem sakuku
Dening tresna kebak kulina
Sinawang asih sabarang pratingkah

                Dongamu kuwi tresnamu
                Lumer kaya es kang ngebaki wadhah
                Manis endah ngluwihi bawana sadonya
                Wiwit tangi, saiki nganti pati
               
Tresnamu ngungkuli duka
ganda arum sumebar tumprapku, ingkang putra
kadya udan tanpa kandha
kang cumeblok saka Kuwasa 

Semarang, 19 Desember 2012
               

Tidak ada komentar:

Posting Komentar