Pages

Minggu, 08 Juli 2012

Biyung



Dening : Aini Machmudah

 
Katresnanmu ngungkuli gunung
Mucuk dhuwur Ing sakjroning bun-bunan
Ngluwehi linatang kang katon mencorong
Luwih sumringah ketimbang bulan
           
            Asta kang alus
            Kokusap dening tresna kebak donga
            Marang awakku sing kereb gawe lara
            Marang anakmu sing paling koktresna
                       
Duh Biyung
Ing ngisor sikilmu ati iki dakselehna
Ngumandang dadi donga
Mugi paring mlebet suwarga.


Semarang, 30 Juni 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar