Pages

Sabtu, 05 Januari 2013

Ronce Kangen



Aini Machmudah

Lirih pocapanmu ngebaki wengi-wengiku
Nyesep sari pati tumiba ing ati
Mrajaya kori kang wingi rapet dikunci
Menga dhewe tanpa rerasa
Tetepangan kapisan ing mburi ki dalang lan wayang
Sisihi pengrawit lagon asmara


Iki godhong waru katur sliramu
Arupa biru tandha ati
Tumiba lirih nyedaki lilin cilik mobat- mabet
Dening reroncening kalung kangen
Nekek ati
Wiwit wingi bengi nganti saiki.

Semarang, 19 Desember 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar