Pages

Selasa, 12 November 2013

ANALISIS CERKAK “LASIRIN DHAGELAN KETHOPRAK” MITURUT PRESEPSI SAHA PANEMU PRIBADHI

 
 
Cerkak “Lasirin Dhagelan Kethoprak” anggitanipun Masdjup (Ki Dhalang Sulang) ingkang kapacak ing Kalawarti Panjebar Semangat No 06- 8 Februari 2003 kababar kanthi endah lan marak ati. Cerkak kasebut miturut kula, nedahaken sisi sanes saking realita sosial masyarakat pekerja seni mliginipun kesenian kethoprak ingkang eksistensinipun sakmenika wiwit kegusur dening kesenian modern.


Lasirin, minangka paraga utama ingkang dados sentralipun carita dipungambarake kanthi karakter ingkang kuwat. Priya ingkang lair kanthi rupa kang kegolong biyasa malah sok-sok dipunwastani awon utawi lucu kasebut, saged ndadosake “kekurangan menjadi kelebihannya”. Semangat lan tekad nglampahi urip lan ngabdekake dhiri wonten ing kasenian kethoprak ingkang dipungadhahi dening Lasirin mujudake rasa tresna ingkang kalalangkung tumrap kesenian tradisional kasebut. Kemongko ngabdekake dhiri ing tlatah utawi donyanipun kesenian menika boten gampil.


Kados ingkang katur ing nginggil, panemu kula babagan sifat utawi watakipun Lasirin kados sesanti “My good will, my good way,and my good goal”. Sifat mawas dhiri ingkang digadhahi adamel dheweke gampang trenyuh marang kasangsaraning liyan. Kabukti dening pangorbanan ingkang dipunlampahi nalika dipunsuwun supados dhagel malih ing Kalompok Mangun Budaya, kemongko yuswanipun sampun sepuh ugi tansah asring gerah. Menawi dipunanalogiake Lasirin menika kados lilin murub ingkang bisa gawe padhanging liyan, ananging awake dhewe ajur luluh awit kebakar dening geni sing murub.


Dumugi patine Lasirin tansah saged damel suka renane pawongan sanes. Netepi sesanti ingkng dados prinsip ugi tujonipun urip ingkang luhur minangka abdinipun Ingkang Akarya Jagad.


Mbokmenawi dipuntilik saking relevansi ing jaman sakmenika, sampun awis-awis tiyang ingkang nggadhahi sipat utawi watak luhur kadhos watakipun Lasirin. Menika mbok menawi awit pawongan sakmenika tansah anggadhagi watat utawi sifat ingkang ngutamakake dhirinipun piyambak.


Mugi-mugi mawon kula lan panjenengan saged mundhut amanat ugi pesen kang rinakit saking karya sastra ingkang inspiratif menika.



Lampiran:


Lasirin Dhagelan Kethoprak
Crita Cekak dening Masdjup (Ki Dhalang Sulang)



PAITANE Lasirin ora liya ya mung saka rupane sing kawit biyen mula wis katon lucu. Upama dheweke munggah panggung tanpa lorengan ngono para penonton wis mesthi ngguyu kepingkel-pingkel, kepuyuh-puyuh, malah sok nganti kepentut-pentut. Mula saben rombongan kethoprake entuk tanggapan, Lasirin ora nate keri, mesthi melu munggah pangung. Ndhagel. Banjur para penonton padha iwut nguncali wungkusan-wungkusan wujud apa wae. Rokok, jajanan, malah ora kurang sing padha nguncali amplopan isi dhuwit kanggo saweran. Minangka ijole, Lasirin banjur nembang lelagon sing dipesen penonton lumantar tulisan ing dluwang sasuwek sing dikatutake njero wungkusan lan amplopan mau. Anggone nembang mesthi dikantheni njoged pethakilan sing katon unik lan nganyelake. Yen Lasirin wis tumandang ngono kuwi, penonton saya kranjingan lan gemes banget. Kena-kenoa, Lasirin diangkah supaya terus tetembangan lan jejogedan sewengi natas. Wis ben, ora nganggo lakon-lakonan ya ora apa-apa paribasane.


“Eeeee... karepe dhewe. Sing ditanggap iki ora mung dhagelan thok lho lur, nanging kethoprak komplit. Nek pengin nanggap khusus dhagelan Lasirin ya sesuk wae. Nanging ya kudu mbayar dhewe lho gus, yu, le, nang, he he he he he….” ngono wangsulane Lasirin karo plerak-plerok nggregetake, nalikane penonton padha alok supaya dheweke terus wae anggone ndhagel. Krungu wangsulane Lasirin ngono mau, para penonton malah nanggapi pating blerok sing ora jelas basane, nanging wose padha marem banget atine. Cekake, Lasirin pancen wis dadi dhuweke masyarakat pandhemen kethoprak ing wewengkon kono. Jenenge saya moncer. Malah-malah amarga saking moncere, wong-wong padha luwih gampang nyebut kanthi jeneng “Kethoprak Lasirin”, katimbang nyebut jeneng resmi rombongane: Sandiwara Kethoprak Mangun Budaya. Lasirin kaya-kaya minangka suksmane rombongan kuwi. Tanpa Lasirin wis kena dipesthekake yen Mangun Budaya ora bakal payu tanggapan. Bola-bali wis klakon yen rombongan kethoprak kuwi pinuju pentas nanging tanpa Lasirin, sing nanggap lan penontone pisan mesthi kuciwa.


“Nonton kethoprak Mangun Budaya nek gak ana Lasirin padha karo ora! Mulih, mulih!” ngono aloke penonton, banjur katon siji baka siji padha bali kanthi nggawa ganjelan kuciwa ing ati. Sing nonton dadi sepi. Sing nanggap uga melu gela. Mula ora kurang sing banjur padha mangkas bayaran tanggapane, sanadyan dikantheni bengkerengan adu gurung karo pimpinan rombongan kethoprak luwih dhisik. Ing wektu-wektu iki pancen Lasirin kerep lowok ora melu manggung. Dene sabab musababe ora liya marga dheweke wis katon lara-laranen dipangan taun. Umure pancen wis ngancik eketan munggah. Upama ora krana wis dadi sandhang pangane wiwit enom hengga seprene mono, janjane dheweke wis wegah banget munggah panggung. Apa maneh isih kudu ngonthel sepeda tumuju menyang lokasi pentase. Banjur isih kudu nebar panglipur marang para penontone, sing kepengine mung kudu kepranan atine awit saka geculane, tetembangane, lan solah tingkahe Lasirin ing panggung. Huh! Kesel! Dheweke pancen kesel tenan. Kesel ragane, kesel pikirane, lan uga kesel jiwane. Karo maneh yen dheweke tetep ngaya lan nekad penthalitan kuwi arep nggolekake sapa? Lha wong ya ora anak ora bojo wae! Kasunyatane dheweke pancen wis ora duwe kulawarga babar blas. Sadurunge manggon ing desane sing saiki kuwi, dheweke ora nate ngandhaake asal usule. Bebasan dheweke kuwi tanpa dhangka tanpa sengkan, wong kleyang kabur kanginan, akandhang langit akemul mega. Mung wae ana sing nate krungu riwayat asmarandanane. Jare biyen dheweke ya duwe pengangkah kaya wong-wong akeh kae, yakuwi kepengin mangun bale somah karo sawijining kenya nunggal kampunge.


Nanging bebasan dheweke mung keplok tangan sisih. Kenya sing dituju prana kuwi babar pisan ora nimbange katresnane. Ya ora jeneng mokal yen ana prawan sing nolak katresnane. Bandha ora gableg. Apa maneh rupa, paribasane mbuwak mbuntel. Jan ala tenan. Ora ana baguse sithik-sithika. Wusana dheweke minggat saparan-paran. Nganti tumeka sawijining desa sing nduwe rombongan kesenian kethoprak Mangun Budaya kuwi. Nalika samana sing dadi tetuwanggane Kethoprak Mangun Budaya ora liya Mbah Mangun, bapake Pak Bandi, ketua rombongan sing saiki. Dheweke nekad nglamar dadi anggota rombongan kuwi. Mbah Mangun gelem nampa panglamare Lasirin, nanging dhapukan sing lowong mung minangka pendhagel. Sanadyan durung nate nglakoni dadi seniman kethoprak, luwih-luwih dadi dhagelan, Lasirin nekad nyaguhi.


Mbok menawa jalaran rupa gawan bayine sing katon ala lan lucu kuwi, sithik baka sithik Lasirin bisa mersudi kabisane ing babagan gecul-geculan. Ndilalah penonton padha nampa kathi senenge ati. Wusana dheweke klakon dadi bintang panggung. Mung wae sajake atine wis kadhung sengkleh ing bab donyane katresnan. Tekade arep mbujang selawase. Uripe mung bakal diudhokake kanggo wong akeh. Aweh panglipur marang sapa wae lumantar ndhagele ing panggung, yen perlu hengga puput nyawane.
Nanging dheweke lali yen kahanan ragane wis ora kena diajak kompromi. Penyakit tuwane arupa loyo lan watuk mengi saya ngrembaka. Mula dheweke banjur kepeksa prei ora kuwagang munggah panggung maneh. Rombongan Kethoprak Mangun Budaya klakon kelangan bintange, sahengga saya surut pamore. Suwene-suwe ora payu tanggapan babar pisan. Pak Bandi minangka jejere ketua rombongan kaya-kaya kentekan akal kanggo nguripake suksmane rombongan kethoprake. Dheweke ngerti banget underan perkarane, gene kethoprake dadi mati? Ora ana liya mung kajaba Dhagelan Lasirin sing klakon pensiun kuwi.


“Apa Pakdhe Lasirin kudu tak peksa munggah panggung maneh ya? Ah! Sajake nglengkara. Njur kepriye caraku kanggo mbalekake nyawane Mangun Budaya? Wis tak jajal golek gantine Pakdhe Lasirin kanggo dhapukan dhagelan, si Marno Singkek kuwi, nyatane ora kepangan dening para penanggap lan pandhemen. Dhuh Gusti, dalem nyuwun kali damar Gusti… mesakaken lare-lare sami kecalan sandhang patedhanipun, Gusti….” ngono pisambate Pak Bandi ing batin, wola-wali meh saben wengi, sangsaya ketara pupus panalare.


Sidane dheweke nekad nyoba ngglembuk marang Lasirin. Embuh carane, sing baku Lasirin kudu gelem bali munggah panggung. Ora ana dalan liya maneh. Ya mung iki siji-sijine syarat-sarengat amrih pakumpulan kethoprak Mangun Budaya bali moncer. Mula ing sawijining sore dheweke klakon nyambangi Lasirin ing omahe. Omah cilik balungan lan gedheg pring sing saya dhoyong sajak arep rubuh. Sadurune mlebu ing omah sing luwih pas disebut gubug kuwi, Pak Bandi unjal ambegan. Landhung banget. Embuh apa tegese unjal ambegane kuwi.


“Sampeyan apa gak mesakake marang kanca-kanca ta, Pak Dhe? Yen ora ana sing nanggap, anak bojone njur dha dipakani apa coba! Kamangka yen arep padha nyambut gawe liyane ngethoprak, sajake wis padha lali carane. Macul wis dha wegah, mbakul gak dha gableg modhal. Yen pengin dadi pegawe, njur kantor ngendi sing gelem nampa wong mbambungan kaya kanca-kancane dhewe iki? Mula ya, Pak Dhe, aku welasana. Wis ta, sampeyan njaluk apa lan bayaran pira anggere gelem bali manggung maneh!” pangrimuke Pak Bandi marang Lasirin sawise kekarone lungguh lincak pring njero omah kuwi. Sing dirimuk durung kumecap. Mripate kethap-kethip nyawang menjaba, karo sedhela-sedhela watuk menggeh-menggeh. Ing batine dumadakan tuwuh perang tandhing swara loro saka njero sing padha sorane. Sing siji kepengin ngeman awak, sijine maneh kudu nglabuhi kanca-kancane. Lasirin gedheg-gedheg. Banjur nggigil maneh.


“Sampeyan… rak ngerti dhewe ta, Lik, awakku… wis gapuk kaya ngene…. Apa ya … isih kuwawa… mbadhut?” wangsulane Lasirin karo menggeh-menggeh ngampet mengine.
“Bisa! Aku yakin sampeyan bisa ngayahi kaya wingi uni. Sampeyan nyimpen kabisan sing ngedab-edabi ing babagan gecul-geculan. Marno Singkek, Nardi Meler, apa dene Jaeman Klithik gak paja-paja yen ditandhing karo sampeyan. Tenan iki, Pak Dhe! Dene bab penyakite sampeyan mengko bakal tak tambakake nyang dokter nganti saras. Piye Pak Dhe?” pandheseke Pak Bandi.


Lasirin unjal ambegan nyendhat-nyendhat. Pak Bandi disawang satleraman. Banjur panyawange dibuwang metu adoh maneh. Sepi. Kekarone dadi meneng-menengan. Sajake padha kentir marang arusing lamunane dhewe-dhewe. Mung kala-kala ajeg sineling gigil watuk saka pendhagel tuwa kuwi. Tangane Pak Bandi kumlebat mijeti pundak lan gulune Lasirin. Nganti sawetara wektu, hengga rada lerem watuke Lasirin. Embuh lerem temenan apa pancen diampet. Pak Bandi tetep sabar angranti wangsulan saka wong tuwek elek nanging sing tansah dadi klangenane wong akeh iki.


“Ya wis….. nek pancen…. aku isih dibutuhake kanca-kanca…. lan uga…. para warga kabeh…. mengko tak cobane… ning ana sarate…,” wangsulane Lasirin sawise nimbang-nimbang sawetara. Sidane dheweke nibakake pilihan kanggo kapetingane wong akeh. Dheweke ora tega marang nasibe kanca-kancane yen nganti padha kaliren krana wis ora payu tanggapan. Yen pancen ngono tenan, dheweke malah rumangsa dosa marang kanca-kancane ngethoprak kabeh. ”Luwih becik sisa umur iki tak anggo aweh pitulung marang bala-bala mbabungan kae,” ngono dheweke mbatin kanggo nguwatake tekade.
“Sarate apa, Pak Dhe?” panyaute Pak Bandi karo wiwit katon padhang raine.
“Pisan…. aku gelem bali manggung…. yen wis waras…. lan ora nggigil maneh…. Dene angka loro…. saben ana tanggapan… aku kudu diparani…. lan dibocengake…. nganti tekan panggonane sing nanggap… ya mung kuwi sarate….”


“Beres, Pak Dhe! Tak sanggupi. Wis saiki sampeyan ndang salin klambi. Ayo saiki uga tak gawa nyang dokteran!”


Ing wektu kuwi uga Lasirin klakon diobatake menyang dokter ing kutha sing ora patiya adoh saka desane. Seminggu sepisan Pak Bandi nlateni ngeterake Lasirin menyang dokter kuwi mau. Ganep patang minggu sajake Lasirin wis katon sehat. Mung wae dokter pesen yen Lasirin kudu gelem njaga awak lan mangane. Ora kena melek bengi, lan ora kena ulah gawe sing abot-abot. Nanging Lasirin mbatin yen ora bakal bisa nuruti nasekate dokter iki. Yen dheweke klakon waras lan kudu mangkat manggung maneh, mesthine kudu melek bengi, penthalitan, lan pethakilan ing ndhuwur panggung, sing abote ora kalah yen ditandhing karo wong nggoluk ing sawah apa dadi manol kae.


Lasirin bali manggung. Rombongan kethoprak Mangun Budaya bali ngrembuyung. Laris manis. Lasirin saya ngedan anggone dhapuk dhagelan. Wis gilig tekade kanggo ngabdekake sisa umure. Ya mung krana ndhagel iki modhale kanggo lelabuh marang sapada-padane urip. Bisa nglancarake dalan pangane kanca-kancane. Uga bisa aweh panglipur marang sagunging warga sakiwa-tengene. Dheweke krasa mongkok lan marem banget atine. Bebasan kaya dene nyandhung kembang cempaka sawakul-wakul gedhene.
Kosok balen karo Pak Bandi. Sanadyan Mangun Budaya bali gumregah, nanging dheweke malah miris nyawang polah tingkahe Lasirin sing sajak kebablasen semangate. Yen nganti ana apa-apane Lasirin, dheweke sing rumangsa paling luput, jalaran ya dheweke sing ngojok-ojoki Lasirin supaya gelem manggung maneh. Mula dheweke banjur mbudidaya supaya Lasirin bisa rada direm semangate sing tuwuh makantar-kantar kuwi. Carane, kala-kala Lasirim ora dikabari yen pinuju entuk tanggapan ngedhur tanpa leren. Sanadyan ta nggawa resiko gawe kuciwane wong sing nonton apa dene sing nanggap, kalamun kepeksa pentas kethoprakan tanpa Dhagelan Lasirin.


Ngepasi dina pengetan ari kamardikan pitulas Agustusan ing kutha kecamatane, Kethoprak Mangun Budaya ditanggap. Amarga ing wewengkone dhewe tur kanggo pengetan ari kamardikan, mula Pak Bandi sarombongan ora mathok rega tanggapan kaya adate. Wis padha diniyati setengah sambatan. Mula Lasirin uga ora dijawil. Luwih-luwih sedina sadurunge, nalika Pak Bandi tilik menyang omahe Lasirin, sing ditiliki katon gumlethak lara. Pak Bandi saya mantep yen pentas ing kutha kecamatane ora perlu nganggo dhagelan Lasirin. Sanadyan penontone mengko bakal padha kuciwa ya ora dadi apa. Sing baku Lasirin kala-kala bisa ngaso sawetara. Marga ora dikabari mula ing bengi pentas kuwi Lasirin ora teka temenan.


Tabuh sanga bengi pentas diwiwiti. Nalika tiba giliran ekstra geculan sawise jejeran kedhatonan, sing didhapuk minangka dhagelan ora liya Damin sing adate dadi pasangane Lasirin. Bengi kuwi kepeksa dipasangi Pak Bandi dhewe. Kekarone padha mbudidaya gawe geculan lan jejogedan kanggo aweh panglipur marang penonton. Sing dikuwatirake Pak Bandi klakon temenan. Penonton padha kuciwa bareng diwenehi ngerti yen bengi kuwi Lasirin ora bisa aweh panglipur amarga lagi nandhang lara. Penonton ora bisa nampa alesan kuwi. Salah siji ana sing mbalangake gelas wadhah aqua menyang panggung. Banjur liyane padha kepancing niru, nyawatake apa wae sakecekele marang Pak Bandi lan Damin. Swasana dadi rame semrawut. Para punggawa Hansip padha nyoba melu nentremake penonton, nanging wis ora digubris babar pisan. Kabeh-kabeh padha nuntut supaya Lasirin bisa ditekakake ing bengi kuwi uga.


Keber ngarep dikerek mundhun. Pak Bandi lan Damin mudhun saka panggung bali menyang kombongan. Penonton ora mendha pangamuke malah saya ndadra. Bareng keber ngarep ditutup, para penonton padha genti ngrangsang para pengrawite. Mula para penabuh gamelan nuli padha buyar mlayu ngadohi panggung.


“Merdekaaaa! Merdekaaaaa! Merdekaaaaa!” Dumadakan ana swara saka tengah-tengahe penonton sing lagi padha ngamuk kuwi. Kabeh nuli katon mlengaki asaling swara. Ing tengah-tengahe penonton ana sawijining pawongan sing nganggo klambi kimplongan werna putih. Sirahe nganggo udheng abang putih saka dhuk Pramuka. Salah sijining penonton ana sing alok ngundang jenenge Lasirin. Pancen bener. Pawongan sing nganggo sandangan putih-putih lan nganggo udheng merah putih kuwi ora liya pancen Lasirin temenan.


“Hidup Lasirin! Hidup Lasirin! Hidup Lasirin” ngono sorake penonton kaya ambata rubuh. Lasirin kanthi trengginas munggah panggung sing kebere isih durung dikerek munggah. “Merdekaaaa!” aloke Lasirin karo ngepelake tangan tengene. “Merdekaaaa!” kabeh penonton padha nyaut kanthi serempak, uga karo ngangkat tangane.Keber bali dibukak. Lasirin klakon ndhagel, dikancani Pak Bandi lan Damin. Swasana malik grembyang. Penonton padha lega atine. Banjur kaya adate akeh sing padha nguncalake wungkusan isi rokok, lan amplopan kanggo nyawer. Siji baka siji layang pesenan lelagon saka penonton dileksanani. Penonton saya kranjingan. Jumbuh marang solah tingkahe Lasirin sing saya ngedan. Kaya dudu sabaene. Pak Bandi lan Damin wiwit kuwatir marang polahe Lasirin kanggo nglanggati panjaluke para penonton. Pak Bandi nyoba aweh sasmita marang Lasirin supaya anggone ndhagel dilereni luwih dhisik. Mengko yen wanci tengah wengi bisa ditutugake maneh. Nanging Lasirin ethok-ethok ora ngerti sasmita saka Pak Bandi. Terus lan terus anggone nglucu, nglawak, ndhagel, nembang, sinambi jogedan pethakilan. Ing bengi iki ngepasi pengetan ari kamardikan, kaya-kaya dheweke kepengin ngesok glogok kabeh kabisane kanggo aweh panglipur marang kabeh warga masyarakat.


Lan… meh kabeh padha njerit nalika Lasirin klakon nggeblag ing ndhuwur panggung. Pak Bandi lan Damin padha gugup mrepegi Lasirin sing tiba mlumah ora obah ora onthek kuwi. Kekarone banjur katon ngoyog-oyog awake Lasirin. Nanging Lasirin tetep ora kemruget babar pisan. Para paraga Mangun Budaya liyane uga banjur melu ngrubung Lasirin. Kabeh kepengin nyumurupi kahanane Lasirin sing sabenere. Nanging sajake pancen wis tiba marang pepesthene. Lasirin tumekeng pati nalika lagi ngayahi jejibahan sing wis diyakini. Apa ya dheweke wenang sinebut minangka sawijining pahlawan? Sing cetha dheweke ora bakal dikubur ing Taman Makam Pahlawan ngendi wae. Banjur nganti ganep pirang ndina jenenge Lasirin bakal dieling-eling dening para warga? Kabeh ora padha ngerti, kajaba amung Gusti Kang Maha Suci.


(Kapacak ana Panjebar Semangat Edisi Nomer 06 Tanggal 8 Pebruari 2003)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar