Aini
Machmudah
Lirih-lirih carita kawiwitan
nyedaki riyaya Kurban, tanda yen wis wancine kanggo bali desa. Bali menyang
daleme bapak ibu ing Rembang. Omah kang wis sangalas taun dadi panggonku
ngupakara awak. Wiwit dilairke nganti seprene gedhene. Sanadyan dudu kraton
magrong-magrong nanging ora ana sing bisa nggantekake omah kuwi lan rasa ayeme.
Mlakuning sikil mesthi wae gawa
kembanging urip, kaya dene turu kang nggawa impen. Ya ngeneki lakuku nalika
bali menyang desa. Kawiwitan saka Gunungpati montorku daktumpaki napaki panase
aspal kang kobong dening srengenge. Benter lan panase awan kuwi ora banjur ngalangi
niyatku bali menyang desa. Kaya dhisik-dhisikan karo peksi sing meh bali
menyang susuhe, mungkasi lakune oleh golek
pangan sakparan-paran.
Kira-kira telung jam setengah aku
teka ing bumi lairku kuwi, dipethuk dening segere hawa gunung kang beda banget
karo padatan ing Semarang kang panase ngluwihi. Rasa seneng campur kangen bapak
ibu isa lerem nalika isa ngulungake tangan nyuwun astanipun panjanengane kanggo
diaras.Ya kaya kuwi aku yen bali menyang omah.
Wiwit dina Selasa tanggal 23
anggonku bali desa. Ing kono sanadyan gaweane mung mangan lan turu, ananging
kabeh krasa kapenak wae. Amerga wis ora prelu mikir babagan management dhuwit lan wektu kanggo
ngerjakke tugas, mung kari dina ayem kanggo refresh
otak sing krasa kesel. Sanadyan ora mara neng endi-endi naging preinan
riyaya Kurban iki banget nyenengke bisa kumpul karo kulawarga. Kaya slogan Jawa sing unine “mangan ra mangan
sing penting kumpul”. Awit riyaya Kurban kapengker aku ora isa ngrasakke kumpul
kulawarga kaya mangkene.
Dina-dina terus wae lumaku nggantekake
detik, menit lan jam. Limang dina dirasa wektu kang sedhela banget. Kamangka
rasa ati durung pengen bali, kamangka isih pingin ngrasakake hawa desaku sing ayem
lan sepi ora ana swara hurag-huruging montor kang liwat kaya yen neng papan nggonku
ngangsu kawruh. Kanthi pangestu saking
bapak ibu, aku mangkat saka Rembang tanpa kanca, dhewekan mung batur sepedha
montor lan tas ing dhuwur geger.
Ing dalan, kaya padatan macet ora
tau kecer saka lakuku, sejam dhewe aku kena macet ing telung titik, kuwi wis
cukup ngentekake tenaga amerga mungsuhe montor-montor gendhe. Durung maneh kudu
setiti anggone nyeter. Anaging kuwi ora banjur dadi pepalang abot kanggoku,
kabeh takniyati kanthi nggolek pangestu Gusti Ingkang Mahaagung.
Semarang, 1 November
2012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar