Pages

Senin, 26 November 2012

IKI DHADHAKU

Aini Machmudah
Iki dhadhaku
Dak tampa kanthi swara seru
Kang nyolot ing urat nadhimu
Kepara lara ning ora ana swara
Iki dhadhaku
kang dioyak wingi nalika semana
banjur iki diselehna
ya mung teka lan lunga
iki dhadhaku
dudu dhadhamu sing tanpa rasa
melek neng wuta
saparan gawe dina cuwa
apa isih kurang?
Aku lan dhadhaku.


Semarang, 8 november 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar