Desa,
identik karo petani. Urip lan panguripane kadang tani wiwit jaman
penjajahan nganti saiki rasane kaya
durung ana akeh owah-owahane. Tansah prasoja senajan katon kaya wis saya maju.
Listrik mlebu desa, dalan-dalan wis padha diaspal, malah tenaga kebo lan sapi
kanggo nggaru mluku wis akeh sing diganti nganggo traktor sing ombenane solar.
Ing
jaman saiki owah-owahan sing modern
tuladhane kaya sawah sing wis padha dadi pabrik, lemah pertanian sing malih
fungsi dadi parumahan lan pabrik-pabrik sing njalari lemah tetanen dadi saya
ciyut amerga alih fungsi. Uga sawah-sawah sing wujude tetep sawah sing
ditanduri pari, nanging lemah pasawahan kuwi wis diowahi carane ngopeni,
nganggo winih-winih tinamtu sing mbutuhake pupuk weton pabrik, njalari lemahe
atos lan pari ora bisa urip kanthi apik malah kepara mati yen ora dipupuk.
Sawah
dadi ora bedha karo pabrik sing ngasilake pari. Petani banget butuhake pupuk
kanggo tanduran parine. Mula yen pupuk ngilang, kahanan petani padha wae kaya
pusa. Yen wis pusa banjur padha arep mangan apa? kuwi ateges wetenge luwe. Mula
lumrah yen petani nekad, meksa para pedagang lan agen ngedol pupuk dodolane
mrang petani, nganti klakon nganakake sweeping.
Petani
sing saya pinter, kendel, wani lan nekad iki ora mung merga petani wis
wiwit terdidik, nanging kapeksa dening
kahanan. Pupuk sing mesthine cukup bisa komplong amerga mekanisme penyaluran
sing ora bener lan faktor X sing durung kinawruhan, mula pupuk (bersubsidi)
ilang. Yen ana, mesthi regane dhuwur banget. Banjur petani maneh sing ngrekasa.
Kita
sadhar yen politik iku rusoh, lan gula iku legi. Pancen, dhuwit kuwi kabutuan
sing pokok, nanging sanajan politik iku ngrusohi mbok ya para pangarep aja banjur ngurbanake petani cilik
kanggo tujuan politik kuwi ateges pager nerak tandur, ora perduli petani kepalu
kepenthung. Yen mengkono, banjur kapan petani klakon dadi subjek sing melu
nemtokake.
Semarang, 03 Desember 2012