Dening : Aini Machmudah
Embuh kepiye wiwitane, olehku kekancan karo Hasan dadi renggang, lan maleh raket karo Rendi lan yono, mongko bocah loro kuwi banget nakale. Marga kekancanku karo bocah-bocah kuwi uga, aku nerak larangane wong tua, yen diumpamakno prasasat kaya cedak karo kebo guppak. Bebarengan karo rendi lan yano, aku kerep bolos, jaili kanca-kanca, ngrepek yen ulangan, ngutil ing kantin lan penggawean ala liyane. Malah sok-sok aku wis wani colong jupuk nggonane wong liyan.
“kowe ki mbok aja nemen-nemen ngraketi Rendi lan yono, ta Gung. Bocah-bocah kuwi, kereb tumindak ora becik.” Mengkono kandhane Hasan ngelingake aku ing sawijining dina.
“kenek apa? Kowe meri nek aku kekancan karo bocah-bocah kuwi?” ujarku sombong lan sengol.
“ora merga iku, aku mung ora kepingin, kowe mengko ketularan, saiki wae kowe wis kereb bolos, lan aku nate krungu, kowe uga wis wani tumindak kang ora becik amerga kancamu loro kuwi”.
“kuwi dudu urusanmu, lan dudu kewajibanmu melu nyampuri urusanku!”.
Embuh perkoro nesu karo aku, apa marga nduwe karep liya, sawijining dina Hasan ngandakake sekabehing tumindakku marang Bapak. Jalaran saka lapurane Hasan, aku disengeni Bapak, kepara malah diajar. Aku uga ora oleh dolan metu saka omah nganti pirang-pirang dina.
Nalika iku aku mangkel banget marang Hasan. Atiku lara. Nemen larane nganti ora bisa diempet pepinginanku males dheweke. Karo dibaturi Rendi lan Yono kekarepanku males kuwi dakrancang lan dak tindakake. Nalika kelas lagi sepi, barang-barang aji sing ana jroneng tase kanca-kancaku dakjupuk, dak pindahake ing jero tase Hasan, tanpa ana sing meruhi.
Dina iku, swasana kelas dadi geger rame. Akeh bocah kang padha bingung , weruh barang-barange sing padha ilang. Sekala pak Rahman guru kelasku melu turun tangan. Ngludai sakabehing tas sing ana ing njero kelas.
Ora ndadak ngenteni suwe kanggo ngglandang Hasan, tumuju menyang kantor guru. Marga kabeh barang sing ilang mau, padha sumimpen ing jero tase bocah kuwi.
Mesthine Hasen disengeni ing jero kantor guru, malah antuk paukuman. Aku uga nduweni panduga yen guruku kuwi nglapurake hasan marang wong tuwane. Marga sesuke, dak sawang pupu kekarone katon biru gosong, kaya menthas dijiwitti. Sapa maneh sing njiwit yen dudu wong tuwane.
Sejatine aku wis rumangsa marem dene pepinginanku males wis bisa klakon. Nanging ora menkono tumprap Rendi lan Yono.
“Kanggo menehi pelajaran marang bocah kuwi, ora cukup yen mung sepisan,” ujare Yono.
“Bener, awake dhewe kudu ngajar sepisan maneh, kareben bocah kuwi kapok tenan!” Rudi melu nambahi. Kepeksa aku nyarujuki kekarepane bocah loro kuwi.
Kanthi setengah ati, aku nindakake apa kang dirancang dening Rendi lan Yono. Glati awehe bocah loro kuwi taktancepake nyang ban sepedha Montore Pak Rahman ngarep buri, banjur takpasrahake maneh marang sing nduwe.
Aku ora ngerti, kepiye carane bocah loro kuwi nglebokake ana ing jero tase Hasan. Weruhku mung paukuman sing kudu ditampa Hasan saka tumindak ala sing babar pisan ora dilakoni dheweke. Bocah kuwi diglandang kanggo kaping pindhone, tumuju menyang kantor guru. Nanging ukuman kang ditampa Hasan saka timindakku sakanca, ora dak kira yen bakal semono abote. Dudu ukaman saka Pak Rahman lan guru-guru liyane. Nanging ukuman saka bapake Hasan dhewe sing awan iku uga diundang teka menyang sekolah.
Kegawa rasa isin, pangamuke wong tuwane Hasan kaya wong kang lagi kesurupan. Ana ing tengah latar sekolah, Hasan diajar nganggo kayu pang, pipine ditempiling, nganti bolongan irunge ngucurake getih.
Tangise Hasan ngero-ngero, ngiris-ngiris atiku sing nyawang saka kadohan. Ana rasa getun sing telat anggone teka. Merga Hasan wis kadhung ditidhuh nyolong barange kanca-kanca, kadhung diarani ngrusak sepedha montor, lan kadhung diajar wong tuwane nganti ndleweran getihe.
Dina sesuke Hasan ora mlebu sekolah. Pangiraku marga lara sawise diajar karo bapake. Nanging luwih saka seminggu Hasan mesa durung mlebu sekolah, mengko gek ana kedadeyan liya jalaran tumindakku wingi. Mula kanthi manek-manekake ati, aku dolan menyang omahe, nakokake kahanane Hasan marang wong tuwane.
“Hasan taktitipake pakdhene ana Jombang, Gung. Ing kana sekolah sianambi ngaji ana pesantren. Bocah kuwi nakale keliwat wates. Menawa wae yen ngecap ilmu pesantren, nakale bisa enggal mari,” ature ibune Hasan nyeritake anake.
Mulih saka omahe Hasan eluh mili saka mripatku. Rasa kadosan gedhe lan getun ora ana entek-enteke. Krana saka tumindakku bocah kuwi nglakoni lelakon kang elek. Amerga prastawa kuwi aku wiwit ngadoh saka sumbering kaluputan. Aku emoh maneh dijak kumpul lan dolan karo Rendi lan Yono. Marga bicah kuwi kang njalari aku nakal. Njalari aku tega tumindak ala marang wong liya, mligine marang Hasan.
Semarang, 26 Juni 2012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar