Cerkak
Krakarsana,
tembung sing pengin banget dak unekake nanging meso ora isa kewedhar, nalika
pawongan lanang ing sisihku ngguyu ngatonake untune sing miji timun,
ngrayah-ngrayah dada nganti keprungu banter swara detakkane ngungkuli ambegan
sing ngos-ngosan sakbubaring munggah lantai 3.
“Kaya ngene maneh?” Swarane Kluprut (swara cilik ing atiku) kawetu takon marang awak sing lagi ngrasakna rasa kang
padha kaya setaun wingi nalika
tetepangan kapisan lan pungkasan karo
Mr. Bay sawijining maling kang wis ngawa
mlayu saperangan bab ing dada, emboh apa kuwi. Lan nganti seprene ora
dakngerteni tapak tilase.
“kok
balik lagi” Grambyangan atiku kepotong dening swara pitakonan ditujuke
marang aku sing pijer meneng kamitenggengen. “iya, tadi cuma ngeprint lagian laptopku juga masih dipakai untuk
presentasi” jawabku takgawe biasa ngilangake rasa grogi sing ngoyak nalika
njupuk lungguh ing sisih pawongan saka jurusan HKN, Fakultas Ilmu Sosial kuwi.
“Swara renyah kuwi” tembunge Klupruk
nyelak saka njero, banjur blajutku “kaya kae pawongan siji kang dadi tresna
kapisanku”. Duh ya apa?. Pancen wis bangsa 3 wulan aku serombel karo mas HKN
Semester 5 kang duweni pawaan ireng manis kuwi, ananging kenapa Senin iki bedho
karo padatan? kaya ana hawa sumebar saka swarane, guyune, lan clotehane sing
nyengsemake kanggoku. Aja muni yen aku
tresna karo mas sing duwe jengen Tresno iku.
Dina kuwi pacen kuliyah
Kewarganegaraane kosong, ning ana tugas saka dosen diutus presentasi dewe kaya
padatan. Serombel pada mangerteni yen aku pancen wong ceriwis sing bakal tumut
drememel ngomen ngalor ngidul apa kang lagi dibahas, sak orane kuwi bisa dadi
nilai tambah kanggo narik simpatine Mas Trisno, sanajan dudu kuwi tujuanku sing
sakbenere melu nguda rasa nalika diskusi nanging apa salahe yen aku “Menyelam sambil cari ikan” kuwi tembunge
Klupruk kang dak kutip.
Ananging pranyata nasib dudu ana ing
aku, sakbubaring kuwi aku tan bisa katemu karo Krakarsanaku, ora isa maneh dadi
penggemar rahasia kang atine mumbul nalika maju ing ngarep lan ngomong ngalor
ngidul karo dheweke. Ora ana maneh bisa
nyolong-nyolong guyune lan eseme sing manis ngluwihi gula jawa, ora ana maneh
mung kajobo nyalahke nasib sing tanpa owah-owahan kaya mengkono.
Semarang, 3
Desember 2012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar