Pages

Kamis, 11 Oktober 2012

REVOLUSI IMPEN




                Krenteke ati kawiwitan saka niat, kirane tembung kuwi sing isih takdadekake patokan nganti seprene. Kegawa siji baka siji ing padunungan alam pikiran sing saya suwe saya nyedaki awak mring kahanan sing dak lakoni. Kumlebating diri lan ati njalari sekabehing langkah urip kadya angin kang gonta-ganti tumiyup, ngawa hawa seger tekan njero balung nanging  padatan uga panas kegawa mobat-mabiting tembang tanpa swara.
   
            Uripku pancen dudu cerita endah kang bisa digambar karo kuas dadi cerita, ananging saora-orane kuwi isa dadi catetan cilik saka laku urip, sawijining mahasiswa Sastra Jawa Universitas Negeri Semarang kang nyoba ngudi ilmu lan ngangsu kawruh. Diwiwiti saka lumakuning sikil ing sebrang dalan pojok wetan. Dalan cilik sing tak jajaki tanpa kanca, ya mung pangestu saka ibu lan rama kanthi donga.  

            Larah-larahan uripku san saya krasa kemrungsung netepi swara batin sing emoh kalah karo bantering swara pepalang. Meski tanpa pepadhang kang cetha aku isa ana ing kene, ing kelas Sastra Jawa sing ngandut babagan prayogi kaya dene lampahan wayang kang sinerat kebak piwulang moral lan estetika. Ing wiwitan pancen kabeh sok-sok sakmlakune, tanpa krenteg  nyata sing jalari niat. Awit  biyen aku mlebu rene ya isa diarani mung amerga kepeksa ora luwih saka iku. Ananging sakbubaring kelampahan, aku kaya dilairke maneh, lair kanthi rupa lan semangat anyar. Mbabar jati diri kang piningit kaya dene gandha arum kang sumimpen ing botol banjur disemprotke.

            Ananging pisan pindo rasa wedi, kuwatir, lan cuwa tuwuh nganjlokke mental kaya dene bakteri sing ngrusak sel imun tanpa daya. Banjur ya mung isa meneng tanpa tanda. Yen dianalogike aku kaya manci alumunium kang gampang panas nalika geni diurupake. Nangeng, manci kasebut bakal cepet adhem yen sithik wae genine dicilikke.

            Umpama lakon wayang, kawiwitan saka patet enem, patet sanga, lan dipungkasi patet manyura. Banjur, saiki aku ana ing patet ngendi? kabeh isih peteng tanpa pepadhang.  Nanging ya kuwi sing jenenge urip, apa sing diajab kadhang-kadhang malah mrucut kegawa lunyuning tangan. Mula ya mung siji kang bisa tak lakoni yaiku pasrah kabeh marang Gusti, awit ya mung Panjenengane Sing Kuwasa gawe abang ijone nasib manungsa. Ya mung Gusti sing ngerti apa sing paling becik kanggo umate.  


Semarang, 27 September 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar