Pages

Kamis, 11 Oktober 2012

PACE




                Mengkudu utawa kang luwih dikenal woh pace kuwi sawijining buah kang bisa marasake maneka warna penyakit. Wit-witan iki gampang bangat ditemokake ing ngendi wae. Wit pace nalika metu wohe, sing katon dudu kembange nanging pentile. Saben pentil bisa metu kembang nganti 25 tekan 40. Saka pentil mau lagi metu kembang nganti wujud gedhe.

            Woh pece yen iseh enom rupane ijo lan saya dadi putih semu kuning yen mundhak tuwa. Dene yen wis mateng wernane luntur dadi luwih bening lan uwohe dadi luwih empuk sarta ngetokake ganda nyegrak ora enak. Wiwit pentil nganti mateng pace mbutuhake wektu kira-kira 6 wulan. Pace mateng kandhutan banyune nggayuh 20-25 persen, lan banyune iki sing akeh digunakake kanggo tamba maneka warna penyakit.

            Panalitian nduduhake menawa pace duweni kasiat kang gedhe. Salah sawijine kanggo nggugah sistem kekebalan tubuh lan regenerasi ing jero awak. Kagunaan kang umume langsung dirasakake sawise ngunjuk sari pace yaiku krasa luwih seger lan semangat. Dene kagunaan dhawane bisa kanggo ngetokake zat-zat awak manungsa kanthi nindakake reresik dhewe.

            Sebagian pawongan utawa bocah-bocah cilik bakal keweden yen diwenehi pace, amerga ambune sing pancen nyegrok lan dulek ing irung. Ananging ambu kuwi bisa diilangake kanthi ditambahi maneka warna buah liyane. Kena ditambah madu, kayu manis, sari buah anggur, lsp. Anggone nyampur utawa ngolah sari pace nganggo bahan-bahan liyane banget biyantu jroning ngatasi ambu pace sing nyegrak irung kuwi.


Semarang, 04 September 2012.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar